TARI REMO

Tari Remo adalah salah satu tarian untuk penyambutan tamu yang ditampilkan baik oleh satu atau lebih, Remo berasal dari kata Reyoge Cak Mo. Tarian ini berasal dari Jombang, Provinsi Jawa Timur.

Tonton Video Tari Remo iki :


Tari Remo ini biasanya ditampilkan pada Seni Teater (Seni Sandiwara) Ludruk, yaitu sebagai Tari Pembukaan suatu cerita (Lakon).

LUDRUK

1. Asal Usul Ludruk.

Ludruk mujudake kesenian khas Jawa Timur, sawijining teater rakyat kang ngrembaka saka kesenian dalanan utawa mbarang (ngamen).

Cikal bakal ludruk yaiku kesenian lerok. Nalika tahun 1907, Pak Santik, Pak Pono, lan Pak Amir, mbarang ngamen saka desa-ngadesa ing tlatah Jombang, kanthi nembang lan diiringi tetabuhan kang prasaja.

Pak Pono, paes saemper wong wadon, wedhakan mbelog-mbelog lan pasuryane dioret-oret supaya katon lucu. Mula penonton banjur ngarani ”wong lorek”. Tembung wong lorek wusanane owah dadi ”lerok”.

Sawise lerok muncul besutan, kang dipandhegani dening Bapak Suma. Pagelaran besutan diwiwiti kanthi tokoh Besut kang nganggo jubah putih lan kethu/peci abang khas Arab, ngunandika (monolog) lan nembang, banjur nimbali pamane kang asmane Jamino. Pawongan sakloron banjur nembang kanthi saut-sautan lan guneman (antawacana/dhialog) kang isine penerangan, panyaruwe (kritik), lan hiburan. Besut nduweni garwa, asmane Rusmini (diparagani wong lanang kang macak/paes wadon).

Awit owah gingsiring zaman, besutan mekar dadi ludruk bandhan lan pungkasane digelar ing panggung kanthi sebutan sandhiwara ludruk kang nduweni pakem (paugeran/ tata aturan) kaya saiki.

 

2. Struktur Tontonan Ludruk

Miturut pakeme (struktur baku), tontonan ludruk kabukak kanthi tari remo.

Ujaring kandha, amarga sajrone nglakoni kuwajibane, sirahe penari remo tansah gela-gelo lan sikile tansah gedrak-gedruk, mula tononan iki kasebut ludruk (cekakan saking gela-gelo lan gedrak-gedruk). Tari remo nggambarake siagane para pahlawan kang lagi nglawan para penjajah.

Sabubare tari remo, banjur kasusul bedhayan. Yaiku sajian tembang-tembang kang diaturake dening para travesty (wong lanang kang dipaesi wadon) minangka atur pambagya.

Sajian katelu arupa dhagelan, yaiku adegan lawak kang diwiwiti kanthi nembangake parikan kang kaprah kasebut kidungan jula-juli.

Sejarahe ludruk ora bisa diuwalake saka sejarah perjuangane bangsa Indonesia. Awit rikala zaman kolonial Walanda lan Jepang (Nipon), ludruk dadi medhia penyalur kritik sosial (sarana propagandha nglawan penjajah). Buktine salah sawijining tokoh ludruk yaiku Cak Durasim, mati ditembak dening Jepang (Nipon), awit saka kidungane “Pagupon omahe dara, melok Nipon tambah sengsara”. Mula, kanggo ngelingi lelabuhane, asma Cak Durasim katetepake minangka jenenge gedhung kesenian ing Surabaya.

Dene intine crita mujudake sajian kang kaping papat (sajian pungkasan). Crita ludruk akeh-akehe nggambarake kahanane kawula cilik (masyarakat sentries).

Crita ludruk kang kaloka, yaiku: Brandhal Lokajaya, Sogol Pendekar Sumur Gemuling, Sarip Tambakyasa, Jaka Sambang, Sakerah, lan liya-liyane.

-----ooo0ooo-----


GAMELAN

Gamelan adalah sejenis musik ansambel tradisional dari Indonesia yang memiliki tangga nada pentatonis dalam sistem tangga nada (disebut laras) slendro dan pelog. Peralatan ini terdiri dari instrumen musik perkusi yang digunakan dalam seni musik karawitan. Instrumen yang paling umum digunakan yaitu metalofon antara lain  gangsa, gender, bonang,  gongsaronslenthem yang dimainkan oleh para wiyaga menggunakan palu (pemukul) dan membranofon berupa alat kendhang yang dimainkan dengan tangan. Juga idiofon berupa kemanak dan metalofon lainnya adalah beberapa di antara instrumen gamelan yang biasa digunakan. Instrumen lain termasuk xilofon berupa alat gambang, aerofon berupa seruling, kordofon berupa alat rebab, dan kelompok suara vokal disebut sinden.



-----ooooo000ooooo----- SP