PEPAK BASA JAWA

1. Ukara Tanduk yaiku ukara sing jejere nglakoake pakaryan
Tuladha :
– Ibu tindak dhateng peken
– Bapak maos koran
– Eyang nembe tilem
– Adhik mangan roti

2. Ukara Tanggap yaiku ukara sing jejere dikenani pakaryan
Tuladha :       
– Lombok dipethik simbah
– Roti dipangan adik
– Pelem dijupuk Parjo
– Kopi diunjuk Pakdhe

3. Tuladha Tembung Aran (kata benda) :
– Meja
– Kursi
– Gelas
– Piring

4. Tuladha Tembung Kriya (kata kerja) :
– Mangan
– Turu
– Sinau
– Dolan

5. Tuladha Tembung Ancer-ancer (kata depan) :
– Ing
– Saka
– Menyang
– Yen

6. Tuladha Tembung Wilangan (kata bilangan) :
– Bawang    → Sasiyung
– Gedhang   → Salirang
– Gula      → Setangkep
– Kertas    → Sasuwek

7. Tuladha Tembung Kaanan (kata sifat) :
– Sabar
– Brangasan
– Wicaksana
– Waspada

8. Tuladha Tembung Sesulih (kata ganti) :
– Aku
– Kula
– Kowe
– Sampeyan

9. Tuladha Tembung Panggandheng (kata sambung) :
– Lan
– Utawa
– Sing
– Karo

10. Tuladha Tembung Panyilah (kata sandhang) :
– Sang
– Hyang
– Kyai
– Kanjeng

11. Tembung Camboran Wutuh : Tembung kang anggotane kalebu tembung
Camboran wudhar karo camboran tunggal.
Tuladha :
– Meja Kursi
– Naga sari
– Bibit kawit
– Bapa biyung

12. Tembung Camboran Tugel : Ana tembung sing diwancah
Tuladha :
– dhelik    → gedhe cilik
– Barbeh    → bubar kabeh
– Bangjo    → abang ijo
– Nasgithel → panas legi kenthel

13. Tembung Camboran Tunggal : Tembung loro sing bedha tegese, dikanggo bebarengan, nanging nuwuhake teges anyar.
Tuladha :
– Naga sari
– Semar mendhem
– Randha royal
– Plinteng Semar

14. Tembung Camboran Wudhar : tembung loro sing bedha tegese, dikanggo bebarengan, nanging tegese tetep.
Tuladha :
– Meja kursi
– Pager wesi
– Pager kayu
– Sawo mateng

15. Tembung Saroja : Tembung kang padha tegese digandheng dadi siji.
Tuladha  :
– adi luhung
– amis bacin
– babak bundhas
– campur adhuk

16. Tembung Garba : Tembung loro sing digandheng, nanging suda wandane
Tuladha :
– Aneng      → ana    +  ing
– Dupyarsa → dupi   +  arsa
– Jiwangga → jiwa   +  angga
– maharsi   → maha  +  resi

17. Tembung Entar : Tembung kang tegese ora salugune
Tuladha :
– Abang kupinge    = nesu
– Adol kringet        = nyambut gawe
– Cilik atine           = kuwatir, jirihan
– Jembar polatane  = pinter

18. Paribasan : Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar, lan ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha  :
– Nyolong pethek       = Ora cocog karo pangirane
– Kepara-kepere         = Pangedume ora padha
– Kepluk ora tombok  = Ngrasakake senenge ora cucul wuragad
– Ketula-tula ketali     = Tansah nandang sengsara

19. Bebasan   : Unen-unen ajeg kang ngemu surasa pepindhan.
Tuladha  :
– Nututi layangan pedhot       = Mbudidaya baline kahanan kang wis ora becik.
– Ora ganja ora anus               = Wong kang rupa lan tumindak ala
– Mban cindhe, mban siladan = Pangrengkuhe ora padha.
– Dudu berase ditempurake    = Nyambung rembung sing ora cocog karo bakuning rembung.

20. Saloka  : Unen-unen kang gumathok, kang ngemu pepindhan.
Tuladha  :
– Tekek mati ulone                    = Wong cilaka marga rembuge dhewe
– Kemladheyan ngajak sempal  = Mitra kang ngajak rusak
– Kaya baladewa ilang gaphite = Wong kang ora duwe kekuatan
– Pecruk tunggu bara                = Wong ala dipercaya tunggu barang kesenengane

21. Tuladha ukara Basa Ngoko Lugu :
– Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit.
– Pakdhe lunga neng Tawangmangu numpak bis.
– Aku lagi mangan sega goreng.
– Simbah lagi turu.

22. Tuladha ukara Basa Ngoko Alus :
– Mbah kakung midhangetaken siyaran wayang kulit.
– Pakdhe tindak neng Tawangmangu numpak bis.
– Eyang lagi dhahar sega goreng.
– Simbah lagi sare.

23. Tuladha ukara Basa Krama Lugu :
– Mbah kakung mirengaken siyaran wayang kulit.
– Pakdhe kesah dhateng Tawangmangu nitih bis.
– Yanti saweg nedha sekul goreng.
– Simbah saweg tilem.

24. Tuladha ukara Basa Krama Alus/Inggil :
– Mbah kakung midhangetaken siyaran ringgit wacucal.
– Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu nitih bis.
– Ibu saweg dhahar sekul goreng.
– Simbah saweg sare.

25. Tembang Macapat (puisi tradisional Jawa), ana 11 tembang :
      Saben tembang Macapat kaiket paugeran/aturan :
  • Guru Gatra (gatra=baris)
  • Guru Wilangan (akehe wanda=suku kata)
  • Guru Lagu (suara vokal akhir gatra)
  1. Maskumambang 12i 6a 8i 8a     
  2. Pocung 12u 6a 8i 12a     
  3. Gambuh 7u 10u 12i 8u 8o   
  4. Megatruh 12u 8i 8u 8i 8o   
  5. Mijil 10i 6o 10e 10i 6i 6u   
  6. Kinanthi 8u 8i 8a 8i 8a 8i   
  7. Durma 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i 
  8. Pangkur 8a 11i 8u 7a 12a 8a 8i 
  9. Asmarandana 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a 
  10. Sinom 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
  11. Dhandang Gula 10i 10a 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

---------ooooo000ooooo--------- SP