PENYANDRA

Penyandra utawa Cinandra (Candrane manungso) yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra bab becike lan mengku ngalem kaendahan.

Terjemahan :
Penyandra=Cinandra (Candrane manungso) adalah sebuah kalimat untuk mengkiaskan tentang suatu bentuk dari fisik manusia dengan tujuan agar lebih menarik dan cantik/indah/bagus (Cinandra umumnya bersifat pujian keindahan terhadap seseorang, dan biasanya seorang wanita). 


Tembung Panyandra tegese tetembungan sing nggambarake kahanan nganggo pepindhan.
Babagan sing dicandra, yaiku babagan kabecikan lan kaendahan, kahanane manungsa, kahanane mangsa, kahanane kewan, solah bawa, lan sakpanunggalane.

panyandra dadi salah siji ungkapan kang migunakake basa endah tamtu arang banget dipigunakake ana ing kauripan sadina-dina. Biasane panyandra dipigunakake ing kondisi-kondisi tinemtu, tuladhane ana ing karya susastra jawa, ana ing pertunjukan kasenian jawa (kethoprak, wayang wong, ringgit purwa, lsp.), Ana ing upacara tradhisional jawa (tuladha: adicara kemantenan, tingkepan, lsp.)

panyandra dipigunakake dening masarakat jawa kanggo nggambarake kahanan ben katon luwih urip, salah sijine nglukisake kaendahan wangun awak manungsa, mligine kaum wadon. Bab iki dipengaruhi banget dening pandhengan masarakat jawa kang nganggep wong wadon dadi makhluk kang sarat karo kaendahan.

No.
Penyandra/Cinandra
Tegese (artinya)
1
Alise nanggal sepisan
  alise njlarit memper rembulan nuju tanggal siji (mbentuk garis lengkung sing apik)
2
Alise kaya ngroning imba
  alise kaya godhong imbo, tipis njlarit.
3
Alise nyingkal
  alise kaya singkal
4
Bathuke nyela cendani
  bathuke alus sumorot (memancar)
5
Bangkekane nawon kemit
  bangkeane cilik
6
Dlamakane sajari miring
  dlamakane tipis banget
7
Drijine mucuk eri
  drijine lancip-lancip kaya pucuri ri (duri)
8
Granane rungih pindha kencana piñata
  Irunge mbangir/mancung kaya emas digosok nganggo patar.
9
Gulune nglunging gadhun
  janjang mayuk, mengarep
10
Gulune ngulan-ulan
  gulune janjang
11
Kempole ngembang pudhak
  kempole putih mulus
12
Idepe mangada-ada
  idepe ngjegrak
13
Idepe tumengeng tawang
  idep kang pucuke ndengking, mayuk mandhuwur
14
Jajabang mawinga-winga
  dhadhane mengangah abang kaya abange kembang wora-wari
15
Kempole nyikil walang
  sikile koyo sikil walang
16
Kempole ngembang pudhak
  sikile putih banget
17
Lakune kaya macan luwe
  lakune alon banget kaya macan ngelih.
18
Lakune mucang kanginan
  mlakune kaya pucang seng kangingan obahe ngiwo nengen
19
Lakune njalak dinding
  mlakune kaya manuk jalak dinding
20
Lambehane mblarak sempal
  lambehan tangane sempale blarak seng tiba.
21
Lathi manggis karengat
  lambe/lathi kanga bang kaya abange manggis dibenthet (diplethek).
22
Mripate blalak kocak
  mripate mblalak (ora pati amba nanging bening) semu kedher neng semake.
23
Mripate ndamar kanginan
  mripate kaya damar kanginan lep-lep kedher (kedhep-kedhep).
24
Pakulitane ireng manis
  werna kulite ireng nanging manis
25
Pamulune prada binabar
  wajahe kaya ono sinare
26
Payudarane nyengkir gadhing
  gede kaya kelapa nom
27
Pipine nduren asjuring
  pipine kaya duren sajuring (lancip)
28
Polahe kaya gabah diinteri
  uyek-uyekan, bingung pating bilulung (mbingungi)
29
Pundhake nraju mas
  pundhake rata, kiwa-tengene. Maksude pundhak kanan lan kiri sejajar.
30
Rambute ngandhan-andhan
  rambute ngombak (bergelombang) kaya godhong pandan/kembang bakung.
31
Simbar jaja wulu-wawar
  dhadhane ana wulune dawa-dawa.
32
Simbar jaja pan kadya walingi
  wulu ing dhadhane gedhene sawlingi-wlingi
33
Sinome micis wutah
  sinome kruwel-kruwel bunder kelap-kelip kaya picis wutah.
34
Tangane kaya gendhewa gading
  bentuk lengen tangan kang becik
35
Tangane kaya gendhewa pinentang
  tangan sing sikute nekuk mlebu
36
Tungkake bunder lir jinangka
  tungkake bunder banget.
37
Untune miji timun
  untune cilik-cilik rentep, rapi memper wiji timun.
38
Waja gathik kumedut padoning lathi
  untune gathik, padone lambe kedut-kedut (merga napsu banget).
39
Wang-e nyangkal putung
  Wang-e wangune memburi lan ramping ngresepake
40
Wentise mukang gangsir
  wentise kaya wentis gangsir (sajenis gangsir)

Tambahan Conto-contone ukara/kalimat (sebagian ada ditabel atas) :
1. Alise nanggal sepisan
2. Astane nggendhewa gadhing
3. Bangkekane nawon kemit
4. Bathuke nyela cendhani
5. Bokonge manjang ilang
6. Cahyane sumunar
7. Drijine mucuk eri
8. Godhege simbar rumembun
9. Gulune angelung gadhung
10. Gulune ngolan-olan
11. Idepe tumenga lawang
12. Irunge ngundhup mlathi
13. Irunge kencana pinatar
14. Kempole ngembang pudhak
15. Kempole nyutang walang
16. Lakune kaya macan luwe
17. Lambene nggula sathemlik
18. Lambene nyigar jambe
19. Lambene manggis karengat
20. Lambehane mblarak sempal
21. Lengene nggendhewa pinenthang
22. Mripate blalak-blalak
23. Mripate liyep lindri
24. Pakulitane ngulit langsep
25. Pamulune bengle kairis
26. Pamulune prada binabar
27. Pawakane sedhet singset
28. Pipine nduren sajuring
29. Polatane ruruh jatmika
30. Praene ndamar kanginan
31. Pundhake nraju mas
32. Rambute ngandhan-andhan
33. Rambute ngembang bakung
34. Sinome micis wutah
35. Sinome mbibis mabur
36. Susune nyengkir gadhing
37. Swarane ngombak banyu
38. Ulate ndamar kanginan
39. Untune miji timun
40. Wange nyangkal putung
41. Wentise mukang gangsir

Macame-maceme Panyandra :

Ø  Candrane Awak (Menggambarkan Tubuh Manusia)

Ø  Candrane Solah Bawa (Menggambarkan Tingkah Laku)

Ø  Candrane Wong Nesu (Menggambarkan Orang Yang Sedang Marah)

Ø  Candrane Wong Nginum (Menggambarkan Orang Minum)

Ø  Candrane Mangsa (Menggambarkan Keadaan Musim)

Ø  Candrane Satriya Bagus (Menggambarkan Satria Bagus)


-----ooo0ooo-----SP