PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan.

Terjemahan : Paribasan yaitu pepatah (kata-kata) bahasa Jawa yang jelas penggunaannya, yang memiliki makna (kiasan) tetapi tidak mengandung makna pengandaian.

No
Paribasan
Tegese (artinya)
1
Adigang adigung adiguna
ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane
2
Ana catur mungkur
ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga
3
Angon mangsa
golek wektu kang prayoga utawa golek wektu kang becik
4
Anak polah bapa kapradhah
wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga
5
Angon ulat ngumbar tangan
ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk barang sing dilimpe mau
6
Becik ketitik ala ketara
tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine
7
Busuk ketekuk pinter keblinger
wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka
8
Cincing-cincing meksa klebus
karepe arep ngirit jebul malah entek akeh
9
Ciri wanci lelai ginawa mati
pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning pati
10
Criwis cawis
akeh omongane ananging uga mrantasi ing gawe
11
Dahwen ati open
wong kang nacat, nanging panacate iku amarga duwe pamrih marang barang sing dicacat mau
12
Desa mawa cara negara mawa tata
saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa tatacara dhewe-dhewe
13
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan
sanajan wong liya manawa nandhang ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni
14
Durung pecus keselak besus
tegese durung pinter menyambut gawe, ananging wis kepingin werna-werna utawa wis kepingin rabi
15
Entek amek kurang golek
tegese anggone misuh ngunek-unekake sakatoge utawa saenteke
16
Garang-garing
ketoke katon sugih, ananging sajatine rekasa uripe utawa kacingkrangan panguripane
17
Gliyak-gliyak tumindak sareh pakoleh
sanajan anggone nindakake sakepenake wusane kaleksanan kanthi becik wusanane
18
Njajah desa milang kori
lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara kabeh wis diparani
19
Jalukan ora wewehan
wong senengane njaluk, nanging ora gelem weweh utawa menehi
20
Jer basuki mawa beya
samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan mbutuhake ragat utawa biaya
21
Njunjung ngentebake
wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake
22
Kalah cacak menang cacak
samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane
23
Kebat kliwat gancang pincang
tumindak kanthi grusah-grusuh, wusanane ora kebeneran
24
Keplok ora tombok
melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad
25
Ketula-tula ketali
wong kang uripe rekasa banget utawa wong kang kesandung sandhung uripe
26
Kumenthus ora pecus
wong kang umuk utawa sombong ananging ora sembada
27
Ladak kecangklak
wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe
28
Maju tatu mundur ajur
maju utawa mundur kabeh bakal mbebayani utawa nyilakani
29
Mbuwang tilas
ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni
30
Mikul dhuwur mendhem jero
anak kang bisa njunjung drajate wong tuwane
31
Nabok nyilih tangan
tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong sarana kongkonan
32
Ngluruk tanpa bala, sugih tanpa bandha, menang tanpa ngasorake
wong kang tansah sugih ngelmu
33
Nyolong pethek
mleset saka pangirane utawa mleset saka pametheke
34
Pupuran sadurunge benjut
wong kang ngati-ati sadurunge nandhang cilaka
35
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
samubarang kang ngalang-alangi kekarepane bakal disingkirake utawa dibrastha
36
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah
wong utawa negara kang rukun bisa dadi kuwat dene yen cecongkrahan njalari ringkih gampang dijajah
37
Sabaya pati sabaya mukti
wong bebojohan urip rekasa dilakoni wong loro urip mulya uga dilakoni wong loro
38
Sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati
wong kang gawe pasulayan marga ngganggu bojone liyan utawa gawe pasulayan marga lemah sapetak bakal dilabuhi nganti mati
39
Sepi ing pamrih rame ing gawe
mbantu nyambut gawe mempeng utawa sregep tanpa duwe pamrih apa-apa
40
Sembur-sembur adas, siram-siram bayem
oleh pamujine wong akeh muga-muga kaleksanan gegayuhane
41
Sing sapa salah seleh
sapa sing salah wusanane bakal teluk utawa ngakoni
42
Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti
wong ampuh tumindak ala, bakal sirna dening wong kang tumindak becik
43
Tega larane ora tega patine
wong kang tego rekasane, nanging ora tega marang patine sarana menehi pitulungan
44
Tinggal glanggang colong playu
prajurit kang ninggalake kasatriyane sarana ninggalake ing peperangan
45
Tut wuri handayani
wong tuwa utawa guru kang nyekarep marang pepinginane wong enom kang luhur, sarana ngulat-ulatake lan aweh prayoga saperlune
46
Nulung menthung
wong katone mitulungi, nanging sajatine gawe rekasane wong sing ditulungi
47
Tuna satak bathi sanak
wong kang rugi satus, nanging bathi paseduluran
48
Tunggal welat
sedulur tunggal bapa biyunge
49
Ulat madhep ati karep
kekarepane lahir batine wis mantep banget
50
Undhaking pawarta sudaning kiriman
pawarta utawa kabar iku beda karo kasunyatane
51
Welas tanpa lalis
karepe ngeman, ananging malah gawe kapitunan
52
Wiwit kuncung nganti gelung
wiwit bucah nganti tuwo
53
Yitna yuwana lena kena
wong sing ngatia-ati bakal slamet, nanging wong sing sembrana bakal nemu cilaka