BEBASAN

Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhanake kahanan utawa sesipate wonge.

Terjemahan; Bebasan yaitu kata-kata bahasa Jawa yang jelas penggunaannya, memiliki makna kiasan dan mengandung makna pengandaian. Dimana yang diandaikan yaitu keadaan atau sifat seseorang.

No
Bebasan
Tegese (artinya)
1
Abang-abang lambe
guneme mung kanggo lamis-lamis
2
Adol lenga keri busike
wong kang andum barang, nanging dheweke malah ora keduman
3
Ana bapang sumimpang
nyingkiri sekabehing bebaya
4
Ana begjane ora ana daulate
arep nemu begjane nanging wurung
5
Anirna patra
nyingkiri tulisane dhewe sing ora becik
6
Angin silem ing warih
tumindak ala kanthi sesindheman
7
Aji godhong jati garing
wong kang asor banget, ora ana ajine
8
Ancik-ancik pucuking eri
wong kang uripe kang tansah ngandhut kuwatir
9
Anggenthong umos
wong kang ora bisa nyimpen wadi
10
Asor kilang nunggwing gelas
wong guneme manis tur marak ati, lan bisa mranani sing krungu
11
Arep jamure emoh watangane
tegese gelem kepenake ora gelem rekasane
12
Bapak kesulah anak molah
tegese yen wong-tuwa oleh prekara, anak uga melu ngrasakake lan tanggung jawab
13
Barung (Mbarung) sinang
tegese nyela-nyela wong guneman
14
Dalithuk kukum
mbudidaya ucul saka ing hukum utawa angger-angger
15
Beguguk (Mbeguguk) ngutha waton
mbangkang marang perentah
16
Beras wutah arang mulih marang takere
samubarang kang wis owah saka asale langka bisane pulih kaya maune
17
Buru uceng kelangan deleg
ngupaya barang sepele, lan ngorbanake barang gedhe kang wus kecekel ing tangan
18
Diwenehi ati ngrogoh rempela
diwenehi enak, ananging isih kurang trima, njaluk sing luwih enak maneh
19
Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk
barang kang banget ditrisnani
20
Dikena iwake aja nganti buthek banyune
tegese wong kang panjangkane kaleksanan, nanging ora gawe gendra utawa ribut
21
Dudu berase ditempurake
nyambungi gunem, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
22
Durung ilang pupuk lempuyane
isih enom banget
23
Emban cindhe emban siladan
pilih kasih utawa ora adil marang siji lan sijine
24
Esuk dhele sore tempe
gampang molah-malih atine, ora teteg
25
Genteni watang putung
nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
26
Gawe luwangan ngurugi luwangan
tegese wong kang golek utang kanggo nyarutang
27
Geguyon dadi tangisan
gegojegan, wusanane gawe susah
28
Gemblung jinurung, edan kuwarisan
tumindak nekat, nanging malah nemu kabegjan
29
Gendhon rukon
tegese tumindak bebarengan amrih padha kepenake
30
Golek-golek ketanggor wong luru-luru
tegese arep tumindak ala, wusanane kepergok wong kang uga tumindak ala
31
Gondhelan poncoting tapih
nggantungake uripe marang bojo
32
Gotong mayit
lelungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
33
Gupak pulut ora mangan nangkane
melu rekasa ora melu ngrasakake kepenake
34
Njagakake endhoge si blorok
njagakake barang kang durung mesthi anane
35
Nyundhang bathang bantheng
njunjung keturunane wong luhur kang wis apes
36
Kadang konang
wong sing ngaku sedulur mung karo sing sugih
37
Ketepang ngrangsang gunung
wong cilik nduwe gegayuhan kang tangeh lamun kelakon
38
Kaya banyu karo lenga
wong paseduluran kang ora bisa rukun
39
Kakehan gludhug kurang udan
wong kang kakehan omong nanging ora ana nyatane
40
Kebak luber kocak kacik
wong kang owah pikirane amarga kakehan ngelmu
41
Kebanjiran segara madu
wong kang oleh kabegjan kang gedhe matumpa-tumpa
42
Kegedhen empyak kurang cagak
wong kang kegedhen panjangka kurang sarana
43
Kejugrugan gunung menyan
wong kang oleh kabegjan kang gedhe banget
44
Kekudhung walulang macan
wong kang tumindak kanthi aling-aling wong kang duwe panguwasa
45
Kerot tanpa untu
wong kang duwe kekarepan ananging ora duwe sarana
46
Karubuhan gunung
wong kang nandhang kasusahan gedhe
47
Kriwikan dadi grojogan
Prekara cilik dadi gedhe
48
Kocak tandha lokak
wong kang sugih omong tandhane sithik kawruhe
49
Kongsi jambul wanen
wong kang sesambungan utawa paseduluran nganti tuwa
50
Madu balung tanpa isi
rebutan barang sepele ora ana gunane
51
Mbalung usus
wong kang nduweni kekarepan kang kendho kenceng
52
Mbrojol selaning garu
wong kang uwal saka bebaya kang nemahi
53
Ngasalake negara
wong kang ora manut tatanan
54
Ngangsu banyu nganggo kranjang
wong kang golek ngelmu nanging ilmune ora dimanfaatake, wong golek ngelmu tapi saranane ora pas
55
Nglungguhi klasa gumelar
wong kang nampa warisan mung kari nemu kepenake
56
Ngubak-ubak banyu bening
gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem
57
Nguthik-uthik macan dhedhe
wong kang njarak gawe nesune wong gedhe kang wis lilih nesune
58
Ngguthuk/nuthuk elor kena kidul
wong kang nyemoni wong, wusane sing krasa wong liya
59
Nguyahi segara
wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana gunane
60
Nututi layangan pedhot
wong kang ngupaya baline barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane
61
Nyangoni kawula minggat
wong kang ndandani barang kang gampang rusak
62
Nyugokake bugel kayu sempu
wong kang njagokake wong bodho dadi pemimpin amarga isih sedulure dhewe
63
Othak-athik didudut angel
wong kang omongane sajak kepenak jebul angel leladenane
64
Ora uwur ora sembur
ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa
65
Pandengan karo srengenge
wong kang memungsuhan karo wong kang duwe panguwasa
66
Ramban-ramban tanggung
wong kang ndakwa marang wong, nanging ora diceplosake
67
Rindhik asu ginitik
wong nindakake pagawean kang cocok karo kekarepane
68
Rubuh-rubuh gedhang
wong kang mung melu-melu, ora ngerti tujuane
69
Sandhing kebo gupak
wong kang cedhak karo wong ala, wusanane melu ketularan ala
70
Sandhing kirik gudhigen
wong kang cedhak karo wong ala kelakuwane wusanane bakal ketularan tumindake sing ala mau
71
Sendhakep angawe-awe
wong kang ninggalake tumindak ala, ananging ing batin isih kepingin nglakoni
72
Suduk gunting tatu loro
wong nindakake pagawean mung sarwa kleru, mula kapitunane luwih saka siji
73
Wis kebak sundukane
wong kang wis akeh banget dosane utawa kaluputane