SALOKA

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan lan seng dipindhanake wonge, kewan, barang.

Terjemahan; Saloka yaitu kata-kata dalam bahasa Jawa yang jelas penggunaannya, memiliki makna kiasan, dan mengandung makna pengandaian, dimana yang diandaikan tersebut adalah orang, hewan maupun benda.


No.
Saloka
Tegese (artinya)
1
Asu belang kalung wang
 wong ala utawa wong asor nanging sugih
2
Asu gedhe menang kerahe
 wong luwih dhuwur pangkate biasane menang perkarane
3
Ati bengkong oleh oncong
 wong kang duwe niat ala, ana sing nyarujuki oleh dalane
4
Baladewa ilang gapite
 wong kang ilang kekuwatane
5
Bathok bolu isi madu
 wong asor nanging sugih kapinteran
6
Bebek mungsuh mliwis
 wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sijine kalah ulet lan trampil
7
Belo melu seton
 wong kang melu-melu, nanging ora ngerti karepe/tujuwane
8
Beras wutah arang bali marang takere
 barang yen wis rusak angel pulih kaya maune
9
Cebol nggayuh lintang
 wong cilik kang nduweni gegayuhan kang tangeh lamun kelakon
10
Cecak nguntal empya/cagak
 gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane
11
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang
 ala diunekake apik, apik diunekake ala
12
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
 wong kang tansah diparingi keslametan ora ana sing nggodha
13
Dom sumurup ing banyu
 wong kang lakune sesindheman kanggo nyumurupi wewadi
14
Emprit abuntut bedhug
 prekara sepele dadi gedhe ngambra-ambra
15
Endhas gundhul dikepeti
 wong wis kepenak dienak-enakake maneh
16
Gagak nganggo elaring merak
 wong cilik tumindak kaya wong gedhe/luhur
17
Gajah alingan suket teki
 lahir lan batine ora padha bakal ketara
18
Gajah ngidak rapah
 wong gedhe kang njarak utawa nerak aturane dhewe
19
Gajah tumbuk karo gajah, kancil mati ing tengah
 wong gedhe pasulayan karo wong gedhe wong cilik sing dadi korbane
20
Gong lumaku tinabuh
 wong kang tansah kumudu-kudu ditakoni, utawa dijaluki piwulang
21
Idu didilat maneh
 wong kang menehi dijaluk bali maneh utawa murungake janji kang wis diucapake
22
Iwak klebu ing wuwu
 wong kang kena apus kanthi gampang, wong nemu bebaya
23
Jati ketlusuban ruyung
 kumpulane wong becik, klebon wong kang ala watake
24
Jaran kerubuhan empyak
 wong kang wis kapok banget ora bakal mbaleni maneh
25
Kacang mangsa ninggala lanjaran
 pakulinane anak biasane niru tumindake wong tuwane
26
Kebo bule mati setra
 wong pinter, nanging kapinterane ora ana kang merlokake kapinterane amarga ing tengahing pategalan
27
Kebo ilang tombok kandhang
 wong wis kelangan isih mbutuhake wragat kanggo nggoleki barang sing ilang mau
28
Kebo mulih ing kandhange
 wong lungan adoh wis suwe, bali maneh ing omahe asale maneh
29
Kebo kabotan sungu
 wong panguripane rekasa marga kakehan anak
30
Kebo nusu gudel
 wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
31
Kemladheyan ngajak sempal
 wong mondhok ngajak rusak
32
Kere munggah bale
 wong asor diangkat dadi wong gedhe/dipek bojo karo wong gedhe
33
Kethek serangon
 wong sagrombolan sing tumindak ala
34
Klenthing wadhah masin
 wong kang angel ninggalake pakulinan sing ora becik
35
Kriwikan-dadi grojogan
 prekara cilik dadi prakara gedhe tur ngambra-ambra
36
Kutuk marani sunduk
 wong kang njarak marang bebaya
37
Lahang karoban manis
 wong rupane bagus utawa wong rupane ayu tur ya apik bebudene
38
Lambe satumang keri samerang
 wong dituturi bola-bali tetep dheweke ora nggugu
39
Legan golek momongan
 wong kepenak malah golek rekasa
40
Opor bebek mentas awake dhewek
 wong kang ngrampungi saka rekadayane dhewe
41
Palang mangan tanduran
 wong kang dipercaya njaga malah gawe rusak barang sing dijaga
42
Pecruk tunggu bara
 wong dipasrahi tunggu njaga kang dadi kesenengane
43
Pitik trondhol diumbaring padaringan
 wong ala kang dipasrahi njaga barang kekaremane, wekasane malah ngentek-entekake
44
Satru munggwing cangklakan
 mungsuh wong sing sejatine isih sanak sedulure dhewe
45
Sumur lumaku tinimba
 wong sing kumudu-kudu ditakoni
46
Tekek mati ulune
 wong nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe
47
Tumbu oleh tutup
 wong wis cocok karo karepe
48
Timun mungsuh duren
 wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa
49
Timun wungkuk jaga imbuh
 wong bodho ala pisan kanggone mung yen kekurangan wae
50
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
 turunane wong cilik dadi akeh, dene turunane wong apik malah dadi entek utawa mati cures
51
Ula marani gepuk
wong kang nyedhaki marang bebaya
52
Yuyu rumpung mbarong ronge
omahe magrong-magrong, nanging sajatine kekurangan