UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA, KRAMA lan NGOKO


A.  Basa Ngoko Lugu

Ciri-cirine :

1.    Tembunge:


a)       Tembunge ngoko kabeh


b)       Ater-ater lan panambang ora dikramakake

2.    Kanggone:


a)         Guneme bocah padha bocah (sapantaran)


b)        Guneme bapak/ibu marang anake


c)         Guneme guru marang murid


d)        Guneme wog tuwa marang wong enom


e)         Guneme juragan marang anak buah


f)         Guneme wong nggreneng


g)         Guneme bocah cilik

3.    Tuladha/contone:


a)         Wan, iki lho garisanmu sing dakselang mau.


b)        Le, yen mlaku ing sadawane dalan sing ngati-ati.


c)         Cah rungokno ya, yen ulangan aja sok ngerpek.


d)        Dhik, kapan ta dolan menyang Surabaya maneh.


e)         Mbok, menyanga pasar saiki, tukokno sayur sawi lan kubis.


f)         Piye ta karepe, bola-bali kok mesthi aku sing dikongkon


g)         Buk, kowe wis mangan apa durung?

B.  Basa Ngoko Alus

Ciri-cirine :

1.    Tembunge:


a)         Tembunge ngoko kecampur krama inggil


b)        Ater-ater lan panambang ora dikramakake


c)         Tembung “aku”  ajeg/tetep “aku”


d)        Tembung “kowe” dadi “panjenengan/sliramu”

2.    Kanggone:


a)         Guneme wong tuwa marang wong enom sing luwih pangkat


b)        Gunem wong sapantaran seng padha ngajeni


c)         Guneme wong tuwa marang wong enom sing suwe ora ketemu


d)        Guneme bojo wadon marang bojo lanange


e)         Guneme para priyayi kang wis kulina

3.    Tuladha/contone:


a)         Tindhake nitih bis apa ngasta kendharaan dhewe, Nak?


b)        Wingi sidha dhahar ing restoran apa warung pojok?


c)         Suwe banget ora nate ketemu, sliramu ana ngendi saiki?


d)        Mas, panjenengan mengko kondur jam pira?


e)         Taun ngarep panjenengan apa sida tindak haji?

C.  Basa Krama Madya

Ciri-cirine :

1.    Tembunge:


a)         Tembunge krama ora  kecampur krama inggil


b)        Ater-ater lan panambang dikramakake


c)         Tembung “aku”  ajeg/tetep “kula”


d)        Tembung “kowe” dadi “sampeyan”

2.    Kanggone:


a)         Guneme kanca sing durung kulina


b)        Guneme wong tuwa marang wong enom sing durung kulina


c)         Guneme wong tepungan/kenalan anyar


d)        Guneme anak buah marang juragan/bos

3.    Tuladha/contone:


a)         Kula mangke ajeng teng peken, sampeyan titip napa?


b)        Nak, sampeyan sampun kesah sakmenika, taksih jawah.


c)         Mas, mangga tumut angkot kula, enggal  bidhal kok.


d)        Bu, niki sampun jam pitu, sampeyan siyos kesah jam pinten?

D.  Basa Krama Alus/Inggil

Ciri-cirine :

1.    Tembunge:


a)         Tembunge krama kecampur krama inggil


b)        Ater-ater lan panambang dikramakake


c)         Tembung “aku”  ajeg/tetep “kula”


d)        Tembung “kowe” dadi “panjenengan”

2.    Kanggone:


a)         Guneme anak marang wong tuwa


b)        Guneme anak buah(abdi)  marang juragan/bos


c)         Guneme bawahan marang atasane


d)        Guneme wong enom marang wong luwih tuwa

3.    Tuladha/contone:


a)         Pak, panjenengan badhe tindak pundi?


b)        Bu, kalawau Pak Ketua RW madosi Bapak.


c)         Pak, panjenengan kemawon ingkang paring dhawuh pangandika.


d)        Mangga Dhe, panjenengan pinarak rumiyin.




---------ooooo000ooooo--------- SP